Pidato Bahasa Jawa

Sebagai ultras yang berpendidikan dan melestarikan budaya daerahnya, yaiu Jawa. saya akan memposting tentang pidato Basa Jawa yang kemarin saya tulis dan saya bacakan di depan kelas sebagai tugas Basa Jawa Kelas IX.


Pidato Basa Jawa Perpisahan Sekolah :


Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatu.

Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, wali murid kelas IX ingkang kulo hormati ugi, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang cinaketing manah.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Sedangipun tigang taun kula sakanca ngangsu kawru ing pawiyatan menika, ngantos wonten pengeketing batin saengga karengku kados putra-putri piyambak
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Kula kiten mboten prayogi menawi atur pamitan-pamitan punika kula pepanjang. Kula sakanca naming nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik-adik sedaya. Sageda wilujeng sesampunipun ninggalaken pawiyatan menika lan pikantuk pawiyatan igkang luhur kangge ngangsu kawruh ingkang luwih inggil.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok menawi wonten kirang tata krama anggen kula matur saha sisip sembiring atur, Kula wakil saking kanca kelas IX, nyuwun agunging pangapunten tanpa upami.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatu.

Semoga bermanfaat, apabila masih ada kekurangan, saya hanya manusia biassa yang banyak kesalahan. Matur Suwun.
Share on Google Plus

About Unknown

    Blogger Comment
    Facebook Comment

0 komentar:

Posting Komentar